Ad Maiorem Dei Gloriam

Ad Maiorem Dei Gloriam
Yen sira durung uninga, takokna guru kang yekti, kang wus putus kawruh mring kasidan jati, budha budine yekti, kang kok anut rinten dalu, ing ngendi dunungira, lawan asalira nguni, yen wus laya ing ngendi iku dunungana.

Jumat, 19 Agustus 2011

Segara Wangi

Segara Wangi




Segara Wangi

Hong Wilaheng Sekaring Bawana Langgeng
Gandamana Ya Gandamastuti
Antawigena Mahugena
Esti Tapak Sumarah Ing Hyang
Rahayu Puji Kasidan Jati            
Segara Wangi Sri Jalanidhi
Jembar Samodra Kamoting Ing Galih
Sinuhun Ayu Purnama Sidhi
Sinaring Teja Bawana Adhi
Sinekti Aji Sasangka Jati
Cahyaning Rasa Wahyu Dyatmika  
Sinawang Wulan Jeroning Taman
Sekar Kusuma Aruming Dalu
Siniwi Asih Kembang Siunuci
Gandhaning Puspa Ambar Ketawang
Hong Wilaheng Sekaring Bawana Langgeng
Gandamana Ya Gandamastuti
Antawigena Mahugena
Esti Tapak Sumarah Ing Hyang
Rahayu Puji Kasidan Jati            
Jagad Kapurba Lan Kawisesa
Jati Sangkan Paraning Dumadi
Bagaskara Gung Candra Kartika
Sinar Sumunar Cahya Pepadang
Bapa Angkasa Ibu Pertiwi
Giri Kahyangan Bumi Samodra
Siti Pareden Ilining Warih
Bantala Danyang Semara Bumi
Kaki Among Nini  Hamengkoni
Loro Atunggal Lampahing Ati
Hong Wilaheng Sekaring Bawana Langgeng
Gandamana Ya Gandamastuti
Antawigena Mahugena
Esti Tapak Sumarah Ing Hyang
Rahayu Puji Kasidan Jati             
Asmara Bangun Tesing Dumadi
Garbini Panggih Rasa Marma(r)ti
Kakang Kawah Adi Ari - ari
Getih Puser Lamas Kasinungan
Sedulur Papat Kalima Pancer
Raga Katingal Hurip Kahanan
Kadang Satuhu Pangiring Ingsun
Mijil Sami Saka Marga Ina
Jaya Mangesti Olah Sampurna
Memayu Hayu Bagya Bawana 
Hong Wilaheng
Sekaring Bawana Langgeng
Gandamana Ya Gandamastuti
Antawigena Mahugena
Esti Tapak Sumarah Ing Hyang
Rahayu Puji Kasidan Jati            

 



꧁  ꧂
kasidan jati = ka + sidan + jati (sejati)
sidan = sempurna
kasidan jati = kesempurnaan sejati

Kang sinebut tirta kuwi banyu, gumelare dadi panguripan.
Ing ngendi wae ana tirta, mesthi ana panguripan.
Amerta tegese ora ketaman pati utawa kalis saka mati,
tansah urip ora tau surud, tan murud ing kasidan jati.

Yang disebut tirta adalah air, ketika terbentang menjadi kehidupan.
Di manapun ada air, tentu ada kehidupan.
Amerta berarti tidak terkena kematian atau terbebas dari mati,
selalu hidup, tak pernah mati, tak pernah pergi menuju alam baka.


Pandulune Ki Pujangga durung kemput,
Mulur lir benang tinarik,
Nanging kaseranging ngumur,
Andungkap kasidan jati,
Mulih mring jatining enggon.

Serat Sabdajati - Raden Mas Ngabehi Ronggowarsito

Sayang sekali “penglihatan” Sang Pujangga belum sampai selesai,
bagaikan menarik benang dari ikalannya.
Namun karena umur sudah tua,
sudah merasa hampir datang saatnya meninggalkan dunia yang fana ini,
pulang ke tempat yang sejati.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar